Senin, 26 Januari 2009

Rasa Pangrasa


Lamun sira pada mangerti
Apa kang diarani tresna..?
Aja nggumampangake pangertene
Mungguhing rasa pangrasa
Bisa dadi memala marang pribadi

Lamun sira pada mangerti
Wujudte mono ora bisa kanetra
Ora bisa karaba
Lan ora gampang nggoleki
Marga wujudte cahya kang suci

Lamun sira pada mangerti
Katresnan mau mung bisa digaleh
Mung bisa dimanah
Jroning nendra kang utama
Mangka iku sing diarana bisa ngerti

Lamun sira pada mangerti
Kabeh mau kuwasane gusti
Ndadekake rasa pangrasa kang beda
Minangka pratanda lamun gusti
Maha welas lan asih


Byar padhang
10 Pebruari 2008

TUNJUNGKU


Nalika rasa iki wus caked
Pangrasaku kaya jinojoh jroning anteb
Sliramu among lingsem batin kang semu
Kaya rasa kang wus kebacut cuwa

Nalika kapangku wus anteb
Nalika iku banget aku bingung
Yen diarani karsa nanging ora bujana
Diarani sirep datan bisa nendra

Nalika tresnaku wus semu
Sliramu nyaked kaya tan uwal
Myat kaget galihku karasa
Rasamu wus nyawiji siji

Nalika batinku dadi cuwa
Tamba kang satuhu mung esemu
Sepet madu lire
Angganda arum tunjung biru



4 Pebruari 2008