Sabtu, 21 Maret 2009

BUDI PEKERTI


Råmå Sudi Yatmånå ngandaraké bab Budi Pêkêrti kanthi gamblang. Kåyå padatan, Råmå Sudi miwiti andarané nganggo piranti morfologi lan étimologi. Asalé têmbúng budi såkå båså sansêkêrta budh síng têgêsé: nglilír, tangi, gumrégah, sadhar ing babagan kajiwan. Sabanjuré têmbúng pêkêrti síng nduwèni têgês: tumindak, tumandang, makaryå, makarti ing babagan karagan. Pêkêrti ånå sambúng rakêté karo tindak-tandúk jiwå lån rågå, lair lan batin. Budi pêkêrti biså dipilah, nangíng ora biså dipisah. Gêgandhèngan karo bab iku, ånå têtêmbungan síng sinêbút mono dualistik. Bab loro síng biså dipilah nangíng ora bisa dipisah. Ånå ing kawrúh métapisika sinêbút the law of two, paugêran loro síng tansah ånå. Lahír pasangané batín, ålå pasangané bêcík, salah-bênêr, padhang-pêtêng, luhúr-asór lan sapituruté. Mulå ånå budi lan pêkêrti síng biså dipilah dadi luhúr-asór, utama-nistha, ålå-bêcík lan liyå liyané. Budi lan pêkêrti síng ålå prayogå di singkiri, nangíng budi lan pêkêrti síng bêcík prayogå diudi lan dicakaké ing bêbrayan. Råmå Sudi ugå nyitír tulisané Edi Sêdyawati síng nyêbútaké ciri-ciri budi pêkêrti luhúr síng cacahé 56. Kayåtå srêgêp nyambút gawé, nduwèni tanggúng jawab, disiplin, iman mantêp, andhap asór, pikirané mênêp, pikirané jêmbar, prasåjå, gumrêgút, kónstrúktif, tansah muji syukúr lan liyå-liyané. Sabanjuré ugå nyêbút watak síng nduwèni nilai-nilai luhúr ing bêbrayan Amérika lan Inggrís, yakuwi jujúr, wani, rukún, unggúl pribadiné, disiplin, sêtyå, urmat, trêsnå, tanggap, andhap asór lan adíl.Lêlandhêsan Kónfêrènsi Budi Pêkêrti ing Jakarta 26-28 Óktóbêr 2000 ånå rékomèndasi síng sambúng karo cak-cakané budi pêkêrti, yakuwi liwat pêlatihan lan pakulinan, patuladhan lan srawúng kang lugas. Ki Hajar Déwantårå ugå mratélakaké mênåwå cak-cakané budi pêkêrti luhúr disêbútaké ånå ing tataran dhiri pribadi, kulåwargå, bêbrayan, sêsåmå lan bångså. Gêgandhèngan karo andarané Råmå Sudi kasêbút, ånå bab-bab wigati síng pêrlu dijingglêngi. Budi pêkêrti luhúr ora bisa pisah karo étika, utawa kawrúh bab ålå-bêcík. Franz Magnis Susénó ana ing buku “Etika Dasar”, jlèntrèhaké kanthi kómplít ngênani étika síng ånå sambúng rakêté karo ajaran moral. Étika lan ajaran moral dadi sarånå síng nuntún såpå waé supåyå bisa uríp síng bênêr, wicaksånå, sampúrna, éndah lan sapituruté. Kanggo mujúdaké kahanan iki pêrlu paugêran, norma, kaidah, tåtåkråmå, tåtåsusilå, tåtåcårå, étikèt lan sapituruté, síng kudu diugêmi lan ditaati. Budi pêkêrti luhúr orå biså pisah karo sumbêr utåwå tuk-é étika lan ajaran moral, yakuwi ånå ing agåmå-agåmå Hindu, Budhå, Kristên, Islam, Khóng Hu Cu, aliran Kêpêrcayaan, Kêbatinan lan mistisismê. Akèh bangêt piwulang utåwå ajaran agåmå síng nuntún supåyå biså urip apík, nêmu bagyå lan mulyå ing ndonya lan akhérat. Ånå ing filsafat Taoism uga akèh ngêmót kaidah utåwå ajaran moral síng nudúhaké dalan kêbajikan, kautaman, kawicaksanan lan kaluhúran. Ajaran åpådéné nilai-nilai ètis lan moral uga tinêmu ing sêni sastra, sêni tari, sêni rupa, musik, dongèng, têmbang lan sapituruté. Ajaran ètik lan moral uga tinêmu ing jagad pêwayangan. Dr Hazim Amir MA ånå ing buku “Nilai-nilai Ètis dalam Wayang” ngandaraké kanthi gamblang lan komplít nilai-nilai ètis kasêbút. Ånå ing pêwayangan akèh bangêt bab síng biså dadi sarånå kanggo pêndidikan watak. Pagêlaran wayang síng nduwèni unsúr-unsúr kaéndahan, yåkuwi sêni sastra, widya (filsafat lan ilmu), péntas, karawitan lan sêni ríptå (kréativitas), biså dadi salah sijiníng sarånå pêndidikan budi pêkêrti. Lumantar pagêlaran wayang, biså dadi altêrnatif métodê pêndidikan watak síng cócók. Amargå, tuntunan lan wulangan ing pêwayangan ora nduwèni sifat dóktrinèr, biså ditóntón, dirungókaké lan dirasakaké. Lakón-lakón wayang síng sumbêré såkå kêkawin Mahabarata lan Ramayana, nduwèni nilai-nilai síng éndah, unik lan adi luhúng. Parågå utawa tókóh-tókóh ing pêwayangan síng nduwèni watak bêcík, bisa dadi conto lan tulådhå. Wêwatón sumbêr-sumbêr ajaran étika lan moral síng akèh bangêt mau, budi pêkêrti luhúr bisa di udi, dikulinaké lan dingrêmbakakaké. Pêndidikan budi pêkêrti ånå ing bêbrayan síng lagi nandhang krisis múlti dimènsi prayogå dipilah lan ditåtå. Pêndidikan budi pêkêrti (luhúr) dadi babagan síng wigati amargå nduwèni nilai-nilai síng éndah lan adi (luhúng) kanggo mbangún watak bångså (nation and character building).

PUSPA WARNA


01. Jagad Jåwå Akèh bangêt têmbúng utåwå têtêmbúngan síng biså digandhèngaké karo têmbúng Jåwå. Têmbúng wóng digandhèngaké karo têmbúng Jåwå dadi wóng Jåwå, têmbúng manungså digandhèngaké karo têmbúng Jåwå dadi manungså Jåwå, têmbúng kulåwargå dadi kulåwargå Jåwå, têmbúng budåyå dadi budåyå Jåwå, têmbúng jagad dadi jagad Jåwå. Istilah jagad Jåwå pancèn cêdhak karo istilah budåyå Jåwå. Ånå síng ngarani lan nggêrbå mênåwå jagad Jåwå kuwi mêngku budåyå Jåwå. Jagad Jåwå luwíh jêmbar têbané tinimbang budåyå Jåwå. Bab budåyå mliginé budåyå Jåwå ugå jêmbar têbané. Ruang lingkúp lan kabèh kang kacakúp akèh bangêt. Prof Dr Koentjaraningrat ånå ing bukuné síng sêsirah Kêbudayaan Jawa njlèntrèhaké kanthi komplít bab kabudayan Jåwå. Kabudayan Jåwå ora bisa pisah karo wóng Jåwå, síng ånå ing pulo Jåwå wiwít såkå dumadiné têkan jaman saiki. Panjênêngané ngrujúk tulisané Th Pigeaud, BJO Schrieke lan WF Wertheim ngênani “variasi régional” kabudayan Jåwå. “Variasi régional” duwé têgês síng mèh pådhå karo bab tlatah, lingkungan, wilayah utåwå kawasan budåyå. Lingkungan budåyå Jåwå nyakúp ranah lan tlatah, yåkuwi: Bantên, Sundhå, Pêsisír Kulón, Banyumasan, Bagêlèn, Pêsisír Wétan, Nêgari Gúng (Suråkartå lan Ngayogyåkartå), Måncånêgari, Mêdurå lan Sabrang Wétan). Kêjåbå variasi régional kasêbút, Prof Dr Koentjaraningrat ugå njlèntrèhaké pérangan síng diarani kabudayan univêrsal (cultural univêrsals). Cacahé ånå pitu yåkuwi babagan: båså, sistêm tèknologi, sistêm panguripan utåwå ékonomi, organisasi sosial, sistêm pêngêtahuan, réligi lan kêsênian. Wêwatón bab-bab iku tinêmu mênåwå kabudayan Jåwå iku isiné, wujudé, pérangané, siji lan sijiné ora pådhå, tinêmu rupå-rupå lan manéka warnå síng jumbúh karo “sub kultur”-é utåwå wilayahé. Nyinau, naliti utåwå njingglêngi bab jagad Jåwå lan kabudayan Jåwå, bisa lan prayogå nganggo pratélan cacah pitu utåwå variasi régional mau. Ana ing babagan båså lan sastrå ånå síng diarani Sundhå, Jåwå lan Mêdurå. Isiné wêrnå-wêrnå ora múng bab dialèk, nanging kabèh síng kacakúp ånå ing båså lan sastrå Jåwå síng nglingkúpi tlatah Bantên, Pasundhan, Banyumasan, Pêsisiran, Suråkartan, Ngayogyåkartan, Sêmarangan, Jawa Timuran, Mêduran lan liya-liyané. Ing babagan sastrå ånå sastrå síng tinulis utåwå sastrå síng ora tinulís. Têbå lan isiné akèh bangêt kayåtå babad, riwayat, caritå gancaran, caritå cêkak, carita ginurit, saloka, novèl, ésèi, aksårå Jåwå (hå nå cå rå kå då tå så wå lå på dhå jå yå nyå må gå bå tå ngå) lan spituruté síng ånå lan tinêmu ing pulo Jåwå. Gêgandhèngan karo bab iki, Råmå Sudi Yatmånå ånå ing andaran Mbah Sétrå mènèhi tulådhå síng akèh bangêt. Kajåbå bab båså lan sastrå, kabudayan Jåwå ngêmót, mêngku, mêngkoni lan nyakúp ilmu (ngèlmu) Jåwå, kayåtå filsafat Jåwå, ngèlmu sangkan paraníng dumadi, kêbatinan (ngèlmu kêjawèn), ngèlmu patitisíng pati, ngèlmukasampurnan, kawaskithan, kalantipan, ngèlmu mistík utåwå tasawuf, kajiwan (ngèlmu jiwå), kanuragan, ngèlmu karang, guna kasantikan, pawukón, pétúng, pasatuwan, katuranggan, palintangan (horoscope), ramalan (jångkå), pralambang, ngèlmu kalang, ngèlmu wêwangunan (arsitèktúr), lan liyå-liyané síng cacahé akèh bangêt. Bab ngèlmu Jåwå akèh síng ditulis ånå ing kapustakan Jåwå (kuno, têngahan, anyar), naskah-naskah, manuskrip, primbón-primbón, wulangan, wêjangan, wêdharan, andaran, pitutúr, pêpali, sulúk, kidungan, têmbang (gêdhé,cilík) lan liyå-liyané. Ånå síng ditulís nangíng ugå ånå síng ora tinulís arupå tradisi lisan. Wulangan, ngèlmu lan “laku” Jåwå mênåwå dipilah-pilah, dipilíh-pilíh, dipånthå-pånthå lan digånthå-gånthå, diothak-athík (dadi gathúk), dinalar lan dianalisís nganggo cårå (métodê, tèknik) sing “ilmiyah”, biså awujúd blêgêríng ngèlmu Jåwå utåwå “the body of Javaness sciences”. Såkå kabèh ilmu, ngèlmu utåwå pangawikan mau bisa ditimba sakèhíng bab, “asèt” utåwå “hartå-kåyå” kabudayan Jåwå síng cacahé, gunggungé, têbané jêmbar lan ngédab-édabi. Saupåmå banyu utåwå tirtå (bêníng, wêníng) kang ånå ing sumúr yèn ditimbå ora bakal êntèk, yå babagan kalahiran yå babagan kajiwan, yå lahiriyah yå batiniyah. Akèh síng lungíd, rumít, ngrawít, éndah, édi lan adi (luhúr, luhúng). Ånå ing babagan tèknologi, rékådåyå rékåyåså akèh tinêmu ånå ing ngèlmu kalang lan ngèlmu arsitèktúr Jåwå. Mulå ånå wangunan rupå Karatón lan lingkungané síng ngêmót akèhíng pérangan síng nduwèni lambang lan filosofi síng dhuwúr. Ånå síng diarani Alún-alún, Waringín (kurúng), Pagêlaran, Sitihinggil, Panggúng Sånggå Buwånå, pérangan Bangsal, lawang utawa Kori (Mangu, Gapít, Kêmandhungan, Srimanganti, Bråjånålå lan sapituruté), Gêdhóng, utåwå Dalêm Agêng lan satêrusé nganti têkan plataran Alún-alún sisíh kidúl. Wêwangunan síng ciri-ciriné khas Jåwå uga tinêmu ing njåbå Karatón pérangan lan jinisé akèh bangêt. Kabudayan Jåwå uga akèh ngêmót babagan sistêm ékonomi. Wulangan Jåwå ånå ing ékonomi mliginé ing bêbakulan lan dêdagangan luwíh nêngênaké bêbrayan, sêsrawungan, kêkancan, pasêduluran lan liyå-liyané, mula ånå têtêmbungan tuna satak bathi sanak. Ånå ing babagan sêni lan budåyå manungså Jåwå nduwèni pérangan sêni cacahé akèh bangêt, nglimputi sêni swårå: karawitan, gamêlan, géróngan, gêndhíng, lêlagón, sêndhón lêlangên swårå, sulúk, têmbang, måcåpat, musik lan instrumèn Jåwå liyané. Ånå ing babagan tari ånå tari bêdåyå, srimpi, bêksan, lênggót båwå, gambyóng, wayang wóng, bambangan cakíl, wirèng lan tari pêthilan, kêthoprak, srandhúl, ludrúk lan liyå-liyané. Babagan sêni rupå tinêmu akèh bangêt ing candhi-candhi Båråbudhúr, Prambanan, Plaósan, Sèwu, Bókó, Pênataran, Bajang Ratu lan liyå-liyané ånå síng rupå kålå makårå, pradhaksinå, rêcå, patúng lan sapituruté. Pérangan sêni ugå akèh tinêmu ing pêwayangan lan pêdhalangan. Akèh bangêt lambang lan wulangan ånå ing pêwayangan lan pêdhalangan. Bab-bab síng magêpókan karo sêni, akèh bangêt paédah lan manfaaté, kayåtå: nguripaké bab råså kaéndahan, ngalusaké tingkah laku lan kapribadhèn, nyurúng kréasilan aprésiasi, biså mujúdaké kahanan síng timbang antarané intêlèktual (rasio) lan émosi. Durúng paédah lan manfaat síng arupå lêlagón, hiburan, tuntunan lan tóntónan sing ngrêsêpaké ati. Sêni budåyå Jåwå bisa nuwúhaké råså lan jiwå Jåwå, jatidhiri, kapribadhèn síng nduwèni ciri unik lan khas. Ånå ing Jagad Jåwå lan kabudayan Jåwå digêlar akèhing babagan kang rupå-rupå lan manékå warnå. Jagad Jåwå ngêmót éwóníng bab ånå ing jagadé manungså Jåwå síng uríp ånå ing tlatah Jåwå. Déníng : Ki Sutadi Pangarsa Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah.

PITUDUH


itudúh : # 1 Pangéran Kang Måhå Kuwåså (Gusti Allah, Tuhan) iku siji, angliputi ing ngêndi papan, langgêng, síng nganakaké jagad iki saisiné, dadi sêsêmbahan wóng saalam donyå kabèh, panêmbahan nganggo carané dhéwé-dhéwé. Pitudúh : # 2 Pangéran Kang Måhå Kuwåså iku anglimput ånå ing ngêndi papan, anèng sira ugå ånå Pangéran (maksudé : tajaliné Kang Múrbèng Dumadi). Pitudúh : # 3 Pangéran iki Måhå Kuwåså, pêpêsthèn såkå karsaning Pangéran ora ånå síng biså murúngaké. Pitudúh : # 4 Pangéran iku nitahaké sirå lantaran båpå lan biyúngirå, mulå kudu sirå ngurmati marang båpå lan biyúngirå. Pitudúh : # 5 Ing donyå iki ånå róng warnå síng diarani bêbênêr, yakuwi bênêr mungguhíng Pangéran lan bênêr såkå kang lagi kuwåså. Pitudúh : # 6 Kêtêmu Gusti (Pangéran) iku lamún sira tansah élíng. Pitudúh : # 7 Cåkrå manggilingan (uríp iku ibaraté rodhå kang tansah mubêng). Pitudúh : # 8 Åjå sirå wani-wani ngaku Pangéran, sênadyan kawrúhira wís tumêka "Ngadêg Sarirå Tunggal" utåwå bisa mêngêrtèni "Manunggaling Kawulå Gusti". Pitudúh : # 9 Åjå ndisiki kêrså. Wêwalêr : # 10 Åjå sirå wani marang wóng tuwanira, jalaran sirå bakal kênå bêndhu såkå Kang Múrbèng Dumadi. Wêwalêr : # 11 Åjå múng kèlingan lan migatèkaké barang kang katón baé, sêbab kang katón gumêlar iki anané malah ora langgêng. Wêwalêr : # 12 Åjå darbé pangirå yèn lêlêmbút iku mêsthi alané, jalaran síng apik iyå ånå, síng ålå iyå ånå, ora bédå karo manungså. Wêwalêr : # 13 Åjå lali sabên ari (dinå) éling marang Pangéranira, jalaran sêjatiné sirå iku tansah katunggón Pangéranirå.
Pitudúh : # 14 Kahanan donyå iku ora langgêng, mulå åjå ngêgungaké kasugihan lan drajadira, awít samångså wolak-walikíng jaman ora kisinan. Pitudúh : # 15 Kahanan kang ånå iki ora suwé mêsthi ngalami owah gingsír, mulå åjå lali marang sapådhå-padhaníng tumitah. Pitudúh : # 16 Síng såpå sênêng ngrusak katêntrêmaníng liyan bakal dibêndhu déning Pangéran lan diwêlèhaké déning tumindaké dhéwé. Pitudúh : # 17 Watakíng manungså iku kêpingín kuwåså, nangíng Pangéran iku bakal maríngaké panguwåså miturút kêrsané Pangéran pribadi. Pitudúh : # 18 Janmå iku tan kênå kinåyå ngåpå, mulå sirå åjå sênêng ngaku lan rumangsa pintêr dhéwé. Pitudúh : # 19 Ramé ing gawé sêpi ing pamrih, mêmayu hayuníng bawånå. Pitudúh : # 20 Manungså sadêrmå nglakóni, kadyå wayang saupamané. Pitudúh : # 21 Mulat sarirå, tansah élíng lan waspådå. Pitudúh : # 22 Sabêgjå-bêgjané kang lali, luwih bêgjå kang élíng klawan waspådå. Pitudúh : # 23 Síng såpå salah sèlèh, lan mélík nggéndhóng lali. Pitudúh : # 24 Nglurúg tanpå bålå, sugíh ora nyimpên, sêkti tånpå maguru, lan mênang tanpå ngasóraké. Pitudúh : # 25 Yèn sirå dibêciki liyan tulisên ing watu supåyå ora ilang lan tansah kèlingan, yèn sirå gawé kabêcikan marang liyan tulisên ing lêmah, supåyå énggal ilang lan ora kèlingan. Pitudúh : # 26 Síng sênêng gawé nêlangsané liyan iku ing têmbé bakal kênå piwalês såkå panggawéné dhéwé. Pitudúh : # 27 Lamún sirå múng sênêng dialêm baé, ing têmbé kêtêmu bab-bab kang kurang prayogå. Pitudúh : # 28 Wani ngalah luhúr wêkasané. Wêwalêr : # 29 Åjå sênêng gawé rusakíng liyan, jalaran sirå bakal kênå siku dhêndhaning Guru Sêjatinirå. Wêwalêr : # 30 Åjå sira nyacad piyandêling liyan, jalaran durúng mêsthi yèn piyandêlirå iku síng bênêr dhéwé. Wêwalêr : # 31 Åjå lali marang kêbêcikan liyan. Wêwalêr : # 32 Åjå sirå dêgsurå, ngaku luwíh pintêr tinimbang séjéné. Wêwalêr : # 33 Åjå rumangsa bênêr dhéwé, jalaran ing donya iki ora ånå síng bênêr dhéwé. Wêwalêr : # 34 Åjå wêdi kangèlan, jalaran uríp anèng donyå iku pancèn angèl. Wêwalêr : # 35 Åjå gawé sêrík atining liyan lan åjå golèk mungsúh. Wêwalêr : # 36 Åjå sirå mulang gêthing marang liyan, jalaran iku bakal nandúr cêcongkrahan kang ora ånå uwis-uwisé. Wêwalêr : # 37 Åjå ngumbar håwå napsu lan åjå mélík darbèkíng liyan, mundhak sêngsårå uripé.